Jumat, 17 Mei 2013

Pemkot Semarang BASA JAWA, Kls V, Thn 2011/2012



PERSIAPAN UUS B.JAWA
KELAS V, 2012/2012

Karna Tandhing
Ing perang Baratayuda Adipati Karna sawise ngalahake Gathutkaca ganti diadhepi Raden Arjuna. Perange satriya loro iki nengsemake banget. Para dewa lan widadari padha mriksani saka angkasa.
Nalika perang lumaku Adipati Karna nyaketi sang Arjuna. Karepe arep ngrangkul Arjuna. Arjuna tansah eling marang piwelinge Prabu Kresna, aja nganti karangkul dening Adipati Karna.
Perang terus lumaku. Sawise perang jaranan ganti perang panahan. Kabeh sing nonton padha gumun keprigelane manah satriya loro iku.
Kocapa Adipati Karna nuduhake titise anggone manah. Raden Arjuna dipanah sumpinge (rerenggan ing kuping) kena. Arjuna kisinan. Banjur males manah Adipati Karna kena toponge (makutha/topi) ajur mumur. Adipati Karna nganti kisinan lan banjur diparingi topong anyar dening Prabu Salya.
Perang diterusake kanthi numpak kreta. Kretane Adipati Karna dikusiri Prabu  Salya, kretane Arjuna dikusiri Prabu Kresna. Perange rame. Ora ana sing menang ora ana sing kalah.
Wusana Adipati Karna ngetokake panah Wijayadanu. Prabu Salya kuatir atine yen nganti Arjuna mati kena panah iku. Mula bebarengan karo pamanahe Karna, kreta digenjot. Panah mleset mung kena gelunge Arjuna.
Dewa banjur mudhun maringi topong marang Arjuna. Ing kene banjur katon Arjuna kaya Karna.  Mula diarani Karna tandhing. Adipati Karna tandhing lawan Adipati Karna.
Arjuna genti ngetokake pusaka Pasopati. Lumepase panah Pasopati ngenani gulune Adipati Karna. Saking ampuhe pusaka, Adipati Karna ora krasa yen kena pusaka. Mung meneng bae. Parbu Salya bareng weruh getih saka gulune Adipati Karna kang ws seda banjur ngandhegake kreta.
Kapetik saking “Seneng Basa Jawa Kelas V”
 
Dari Soal Pemkot 2011/2012




















1.        Satriya panengahe Pandhawa yaiku Raden Arjuna
2.        Panahe adhipati Karna kang nganani gulune Arjuna aran Pasopati
3.        Jemparingipun Adipati Karna boten ngingingi jangganipun Arjuna amargi
4.        Nalika perang tandhing kretanipun Adipati Karna dikusiri dening Prabu Salya
5.        Jemparinge Raden Arjuna kang ngenani janggane Adipati Karna aran Pasopati
6.        Kancil iku kewan kang seneng ngapusi
7.        Kewan cilik kang bisa nylametake manuk nalika arep dibedel ana sajrone crita yaiku semut
8.        Sragam dokter cilik yaiku putih-putih


Mbok rondho kepingin duwe anak, mulane nenuwun marang Allah. Esuk umun-umun mbok Rondho nemu barang keli ana kali, bareng dibukak isine bayi arane Timun Mas. Dumadakan teka buta / raseksa pingin jaluk bayi mau arep dipangan. Pungkasane bayi diopeni Mbok Rondho, nangeng besuk yen wis gedhe diwenehake raseksa mau.
 
 






9.        Irah-irahan ing dhuwur yaiku Timun Mas
10.    Mungguh ringkesane cerita ing dhuwur yaiku Raksesa mati ora bisa nyekel Timun Mas
11.    
Gumela jembar bumi asri
Sumunar, sumringah sunare bagaskara
Padang pusaka wis kawentar
Watak getihku dak tresnani

 
Tegese tembung sumunar, sumringah sunare bagaskara ing geguritan mau yaiku senenge ati yen mirsani srengenge wayah esuk
12.     Dene isine geguritan ing dhuwur yaiku
13.     Geguritan ing dhuwur duweni pesen
14.    Welinge guru, wong iku kudu mituhu marang bapak ibu, supaya slamet sing tinemu.
Unen-unen ing dhuwur kalebu perangane purwakanthi guru swara
15.    Roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso
16.    Manuk kutut manggung, yen ditulis aksara jawa yaiku ...............................................................................

17.    Simpenan wajib, yen ditulis aksara jawa yaiku ............................................................................................

18.    Sugriwa subali, yen ditulis aksara jawa yaiku ...............................................................................................

19.    Loper koran, yen ditulis aksara jawa yaiku ...................................................................................................

20.    Carane nulis urutane laporan sing bener yaiku jenenge kegiatan, dina lan tanggal, wektu pengamatan, petugase, kahanane lan saran
21.    Tanggal penulisane ing layang diarani titimangsa
Semarang, 12 Maret 2012
Kanggo kancaku Rudi
Ing Salatiga
Salam kangen
Hai Rud, piye kabarmu? Muga-muga sehat. Semono uga aku ing Semarang uga sehat bae. Rud, niatmu arep menyang Semarang saperlu arep dolan ing omahku, aku setuju. Nanging apa wong tuamu marengake, lan apa kowe wis tau ngebis dhewe menyang Semarang? Yen manut aku, sesuk bae yen preinan akhir tahun aku dak dolan ing omahmu.
Kebeneran bapak lan ibuku arep tilik simbah. Dadi ing kana aku lan kowe bisa ketemu.
Piye yen ngono?
Dak kira cukup semene dhisik layang saka aku. Dak tunggu meneh layangmu.
Kancamu
Ttd
Budi

 
 













22.    Sing kirim layang ing dhuwur yaiku Budi
23.    Omahe Rudi ana ing Salatiga
24.   
Sekar Mijil
Ing  mataram bentengipun inggil
Ngubengi kadaton
Plengkung lima amju pat mengane
Jagang jero toyanipun wening
Tur pinancak suci
Gayam turut lurung

 
Budi menehi alesan yen sing arep ing desa dheweke amarga bapak lan ibune arep tilik wong tuwan
25.    Tembang mijil ing dhuwur guru gatrane ana 6
26.    Guru lagune tembang mijil yaiku i, o, e, i, i, u
27.    Tembang wilayang tembung mujil yaiku 10, 6, 10, 10, 6, 6
28.    Tembang mijil iku kalebu perangane tembang macapat
29.    Cacahe wanda saben segatra diarani guru wilangan
30.    Tembang macapat kang dhuweni guru wilangan lan guru lagune 10i, 6a, 10e, 6i, 6u, yaiku tembang
31.    Cacahe aksara jawa iku ana 20
32.    Indonesia merdika tahun 1945. Angka tahune yen ditulis jawa dadi
33.    Kali banjir banyune buthek, yen ditulis aksara jawa dadi
34.    Taman Wisata Maerakaca, yen ditulis aksara jawa dadi
35.    Kala wingi kula sinau basa Jawi, yen ditulis nganggo aksara jawa dadi
36.    Ana sejerone crita Karna Tandhing, sing dadi pamenange yaiku Raden Arjuna
37.    Cacahe larek saben sapada ing tembang macapat diarani
38.    Cacahe wanda saben sak gatra ana ing tembang macapat diarani
39.    Kembang kencur ditandur tepining sumur.
Yen wis makmur aja lali marang ….
Unen-unen ing dhuwur kalebu dijangkepi tembung
40.    Becik ketitik ala ketara
41.    Dokter cilik, yen ditulis aksara jawa dadi .....................................................................................................

42.    Urut-urutane nulis laporan sing bener, sabubare nulis jenise kegiatan, banjur nulis dina lan tanggal, wektu pengamatan, petugase, kahanane lan saran
43.    Panulisane ing layang kang nelakake maksud lan tujuane diarani surasa basa
44.    Sugi bakul dawet, yen ditulis aksara jawa dadi ............................................................................................

45.    Maune Sugeng dodol ban, yen ditulis aksara jawa dadi ..............................................................................

46.    Kang kalebu parangane layang : Adangiyah, Pambuka, Titimangsa, Surasa Basa, Panutup,
47.    Urut-urutane Pandhawa : Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa
48.    Kang kalebu tembang macapat : Asmaradana, Dhandhang Gula, Durma, Gambuh, Kinanthi, Maskumambang, Megatruh, Mijil, Pangkur, Pocung, Sinom
49.    Subali lair tanggal 23 Juli 1985, yen ditulis aksara Jawa dadi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar